Minggu, 29 November 2009

Dzikir Anyaran

Iki bab masaalah dhikir, iku ana nem prakara. Kang sapisan iku dhikir Suwul arane, tegese dhikir iya anteng ing napas. Kang kapindho iku dhikir Suwul- istilah arane, dhikir iya tegese anyipta gurune, angadeg ana netrane alise. Kang taping telu iku dhikir Istilah -ruk-iyat arane, tegese dhikir iya ilange ‘ilmune. Kang kaping pat iku dhikir Suwul ngeski arane, tegese ilang birahine.Kang kaping lima iku dhikir Suwul- ngiskiyah arane, tegese dhikir iya ilange liyepe kari lengude.Kang kaping nem iku dhikir Nakisbandiyah arane, tegese iya dhikir ngilangake kahanan kabeh, iya kari mung wujudullah, ing dalem isbat Ian ilange alip, iku dadi lah-hu, Ian ilange lam awal, iku dadi lah-hu, Ian ilange lam akhir, iku dadi hu, lan ilange hu, iku dadi ora ana lapale iya ora ana jamane, ora ana tuduhe, iya ora ana maknane, iya mung kari jumeneng ing dzatullah, iya jumeneng kalawan dhewe”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar